Cerkak Kartika Catur Pelita
Pil
turu njarag tak eleg. Siji, loro, telu, sewelas pil tak jejelke nok cangkem.
Mbuh sing mlebu, piro sing tak mutahke. Aku ora kelingan. Dumadaan bebayang
ireng iku mecungul nok ngarep mataku.
Carita sapa aku.
Aku
sing wis kecipratan comberan. Aku sing wis ora prawan. Aku sing kotor!
Aku
sing cacad lan tambah cacad!
Aku
pengin mati! Luwih becik aku mati, tinimbang diperlakoke kaya ngene!
* * *
Prawan kencur iku wedi.
“Aja ngomong karo sapa wae perkara iki.
Yen kowe isih pengin mangan, isih pengin sekolah, isih pengin urip!”
Prawan sing kulite kuning temu giring
iku bingung.
“Kenapa saiki kowe seneng ngelamun,
Is? Ora kaya biyen. Saiki seneng
mingkem. Lagi lara untu, ya? Ana masalah apa, aku kancamu, cerita ….”
Prawan sing dagune mbelah iku ngedoh. Ora kabeh carita kudu diungkap. Apa
maneh babagan nista papa.
“Kenapa kowe ujug-ujug pengin pisah,
say?”
“Aku…”
“Kowe ora nduwe alesan?”
“Nanging aku ora pengin sesambungan
karo kowe.”
“Sebabe…”
“Aku ora iso ngomong. Aku wis ora
pantes maneh kanggo kowe.”
Aku-aku lega, sanajan atiku lara-kaya ketusuk eri wektu ngutarake kabeh.
“Kowe pancen ora pantes maneh kanggo
aku. Kowe tegel nugel katresnan sing endah.”
Rei,
ndang lunga, lunga…
Prawan sing mripate kaya damar kanginan
iku brebes mili nok kamar biru. Ora ana
wong ngerti apa sing kedaden karo aku. Saumpama aku wis tiba, malah ditibani
andha. Lara banget. Banyu mata wis enthek netes. Nok diary iki tak tulis
kedadean peteng dalan uripku.
* * *
“Kenapa kowe ora mangan, Nduk?” biyung
mandeng kembang atine kanthi perasaan
khuwatir.
“Is… rasa-rasa mangan, Mak.’
“Kowe lara?” Bapa mandeng. Melu
khuwatir.
“Mboten.”
“Yen ngana mangana. Sadela neh ujian.
Piye yen kowe lara.”
“Mak..” saumpama aku wani carita sajatine, apa wong sing nglahirake aku iku
arep percaya? Apa deweke ora malah nyalahke aku?
“Ana apa, Nduk?”
“Ma..napa duit SPP sampun wonten?”.
“Dadi kowe mogok mangan mung gara-gara
mikir duit sekolah.”
“Isna..Isna…Bapak pikir ana apa.”
“Wes ana, Nduk. Dagangane mak laris.
Sesuk kowe iso bayar.”
“Saiki mangan ya.”
Aku
njupuk saentong sega putih. Lawuh, endhog sambel balado. Aku mangan, lelet. Sega kerasa keset nok di tenggorokan.
Mbuh. Kenapa terus kebayang perkara sing
njijike iku…dadekna aku pengen mutah!
“Is…kowe lara?”
“Mboten, Mak. Menawi masuk angin.
Is pirang-pirang dinten begadang, sinau.”
“Ya, wis. Bar iki ngombe obat. Yen
durung mari, engko tak keroki.”
* * *
Prawan sing rambute dawa iku njupuk
selimut, nutupi awake sing setengah uda. Matane
nyawang serik banget marang wong lanang durjana sing ngguyu puas, sakwise
nglakokna perbuatan nista.
“Kenapa bapa tega karo Is?”
“Merga Makmu uga tega karo aku.”
“Nanging Is anake Bapa?”
“Jare sapa? Tak wei eruh, makmu wis
meteng patang sasi pas tak kawin. Kowe dudu wenihku. Dadi yen aku mangan…”
“Bapak kejem…kejem, tega…”
“Meneng, meneng! Is ora sudi krungu
cerita iki!’
“Is ana apa bengok-bengok?! Kowe ngimpi
ala?!”
Jebule
deweke nginpi ala? Apa bener? Mimpi ala sing kaya ngulang kedaden nggegirisi sing tak alami. Kedadean sing
njijike kenapa kedadean maneh. Kenapa aku ora iso nyegah.
Ngimpi ala iki apa refleksi saka kedaden
sing banget ala iku?!
* * *
Carita
sedihku. Carita nggegirisiku. Udan melu nangis. Aku mung iso carita kaya pen
marang dluwang. Aku ora sanggup ngaku marang Mak. Aku ora iso carita marang
kanca, Aku isin. Aku wedi deweke pada
kuciwa. Aku wedi, yen wong-wong pada ngina. Yen pada weruh kedaden
bejad sing dilakokna durjana iku
marang aku!
Kanggo
tanda katresnenaku. Weruha yen katrenan
suci iki mumg marang kowe, Rei.
Deweke sengaja nguntal pirang-pirang
pil turu.
Prawan sing pakulitane resik iku pucet. Deweke sekarat, kebayang biyunge, Rei,
kanca-kancane. Apa yen aku lunga ana sing kelangan?
Ma,
ngapuranen anakmu sing ora pantes dadi anakmu. Kaya wong lanang bejad iku sing
ora pantes dadi bapaku. Deweke dudu bapaku kan Mak? Ora ana Bapa sing tega
nista anake?
Menawa
bener, Mak wis meteng pas kawin karo
deweke? Nanging aja diengga alesan terus deweke ngrudapeksa anak sing dudu
darah daginge, nanging tau digedeke, tau dipangku, diadusi, diturokae rikala
bocah cilik?
Menawa
deweke dudu bapa kandungku, terus sapa sapa sing neteske wenih nok rahimu Mak,
dadeake lahire aku? Sapa Bapaku?
Aku
ora peduli! Deweke ora luwih becik saka durjana iku! Kangga apa aku golek
eruh?!
Prawan sing nembe kelas 2 SMP iku nyoba
merjaya awake dewe. Aku ngrasake mataku perih, pedut, ambeganku sesak, awaku krasa lara,
lara. Sakteruse peteng, peteng ndedet!
* * *
Apa
aku wis mati? Nok papan endi aku? Surga apa nereka iki? Kenapa aku nok kene?
Dumadaan ana wong klambine putih, ndemek aku alus. Hei, deweke ngambung aku.
Luhe netes. Sapa deweke? Apa malikat sing njaga
kubur?
Hei, hei kenapa ana stetoskop ngalungi
gulune?
“Adik wis sadar. Ngucap syukur marang
Gusti Allah, nyawane adik ketulungan, slamet.”
Dokter wedok, pasuryane keibuan,
mandeng aku sajak aru. Suarane sing
lembut.
“Kenapa kowe bunuh diri, Nduk? Ana
masakah apa? Kabeh masalah iso diudari.”
Mak nyikep aku banget khuwatir. Luhe
netes anget.”Aja kok tutupi. Iki makmu. Ceritakna ana masalah apa. Ora usah
wedi.”
Prawan
sing susune nebe tuwuh iku nangis gerung-gerung, prasasat awake guncang-guncang. Wis wektune aku blaka suta
sakabehe.
Wong wedok tua iku melongo. Ngamuk kaya
banteng ketaton. Njukuk peso nok dapur, kalap nusuk wong lanang durjana sampek
matek! Ngaterke awake nok pakunjara!
“Sangapurane Is Ma. Idepa Is iso njaga
awak iki…”
“Kabeh wis kudu kedaden, Nduk.”
“Mak…”
“Mak kecolongan. Ora nyadar manggon
sakomah karo asu alas. Mak ora getun wis
mateni kewan.”
“Apa bener yen Is dudu anake?
“Deweke mesthi cerita wong wadon meteng sing dikawini…”
“Bapa kandunge Is, sapa Mak?”
“Ora usah kowe takon iku. Mak wis ora
sudi ngeling-eling. Deweke minggat sakwise njupuk kabeh duweke Mak. Katresnan
mak mung kangga deweke. Mak ngei
pelangi, deweke mbales areng ireng. Ireng.”
* * *
“Maturnuwun Rei, kowe wis mbantu aku…”
“Aku ngelakokna marga aku sayang kowe,
Is. Ngertia atiku remuk maca diarymu. Perkara tragis sing kok alami. Aku pengin
carita marang makmu. Pas aku teka nok omahmu, kabehe wis telat. Makmu…”
“Akhire Mak ngerti sakabehe. Nanging merga iku mak kudu
ngenteke umure nok kunjara.”
“Aku melu sedih, Is.”
“Maturnuwun, Rei. Eh, wis bengi. Ndang
muliha…”
“Kowe karo aku…apa isa kaya disik
maneh?”
Aku nggelengke sirah. Aku wis mutuske dalan paling apik kanggo
uripku.
Ora
mung Rei lan kanca-kanca weruh. Tangga ngerti. Uwong sing nonton teve, maca
Koran, internet, pada weruh. Isna-dirudapaksa bapake! Isna-anakke wong tukang
mateni!
“Menawa
aku isih nduweni perasaan iku, aku wis ora pantes maneh. Muliha Rei.
Sawijing dina kowe nemuke prawan sing luwih apik saka aku.”
“Nanging Is..”
“Yen kowe isih nduweni rasa iku, simpen
wae ben dadi kenangan.”
“Aku isih tresna marang kowe Is.”
Rei,
ndang lunga. Ben waktu sing dadi seksi
carita sejodo katresnan iki. Kowe karo
aku ora iso milih bare katresnan. Maturnuwun marang katresnan sing tau kok
kei marang aku.”
Prawan ayu sing mripate ndamar
kanginan, dagune belah, rambute mayang
iku, nyeret sikil kiwane sing pincang, natap
geger bongkok sing linggih kaku
nok kursi roda. Kango terakhir. Esuk aku arep ninggalke omah iki, kutha iki, mulai lembaran
urip sing nayar. Kowe ngerti. Aku
butuh akeh wektu kanggo nambani sewu
lara kesleret sembilu.
* * *
Kutha Ukir, 11 Januari 2010-10 Januari 2014
No comments:
Post a Comment